Tokoina - Pusat Jual Beli dan Info Peluang Usaha

Jumat, 25 Mei 2012

SESERAHAN PENGANTEN

Assalamu'alaikum Wr,Wb.
     Bismillahirrohmanirrohim, alhamdulillah hirobbil'alamin, wabihi nasta'inu 'ala umuriddunya waddin wassholatu wassalamu 'ala asrofil ambiya iwal mursalin, wa'ala ilihi wasohbihi ajma'in. amma ba'du.
Masyaikhinal kirom poro ngalim, poro ulama wabil khusus dumateng kersanipun Romo kyai bashoir abdullah ingkang tansah kawulo hidmaih, dumateng kersanipun sohibul hajat bapak Oyo Sukaryo sa keluargi ingkang kulo hormati, dumateng sedoyo kesepuhan lan pinisepuh, hadirin hadirot ingkang kulo mulyaaken.
       Pertama-tama monggo sesarengan sami ngunjukake raos syukur dumateng ngarso dalem alloh swt, ingkang sampun maringi ma pinten-pinten kenikmatan khususipun nikmat iman lan islam, ugi nikmat kesehatan sehinggo kito sedoyo tasih waged angrawuih puniko undangan saperlu kangge nyekseni lan caos dungo dumateng  pertikahanipun Nak Tajul Aripin SE kelayan Nimas Penti S.P, pamugi mugi rawuh kulo lan panjenengan sedoyo kacatet dados amal silaturahmi ingkang bade nampi pahala saking alloh swt.
Rohmat solawat soho salam pamugi mugi  tansah kawuwuhaken dumateng nabi kito Muhammad saw beserta keluarga lan sohabatipun lumeber dumateng kito selaku umatipun,  mugio angsal syafangatul ngudma mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. amin.
        Poro bapak, ibu ingkang kulo hormati, selajengipun kawulo jumeneng wonten ing ngarso panjenengan mboten sanes minongko kautus kaliyan bapak Junaedi , tiang sepahipun Nak tajul aripin SE utawi calon penganten kakung, sepindah ngaturaken salam ta'dim kagem keluarga bapak oyo sukaryo sakeluargi "assalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuh" rehning piyamba ipun mboten waged ndereaken rawuh wonten puniko tempat. pingkalihipun kawulo bade masrahaken puniko lare nggih meniko ingkang asmo Tajul aripin SE dipun tikahaken kaliyan Nimas Penti SP, namung saderengipun bade kawulo aturaken bilih nak tajul aripin puniko lare biasa ke mawon. ateges lare ingkang dereng anggadaih kelebihan nopo2, sugih mboten.. gagah nggih mboten.. pinter nopo malih.. tapi insya alloh puniko lare lanang temenan... pramilo atas sedoyo kekirangan saking nak tajul meniko waged dipun maklumi lan dipun tampi khususipun kangge Nimas penti lan ugi bapak oyo sukaryo sa keluargi kanti estu2 dipun angken dadaos keluarganipun, lan ugi sedoyo kekiranganipun anggen mangke rumah tangga , monggo sesarengan dipun uwuri, dipun guthowantah dipun didik sesarengan sehinggo mangke antuke rumahtangga kekalihipun dados rumah tangga ingkang sae menggahipun aturan agami, sae menggah masyarakat sehinggo dadosono rumah tangga ingkang sakinah mawadah warohmah. amin.
        Bapak ibu ingkang minulyo, kejawi saking mekaten, meniko kulo sa rombongan sejo silaturahmi mriki estu mboten mbeto nopo2 pramilo kawulo atas nami ketua rombongan nyewun sih agungeng pangapunten, anamung  ketingal puniko wau wonten sodakohan sekedik saking keluarga penganten kakung kangge keluarga mriki, ugi kulo pasrahaken pamugi mugi manfangat maslahat kangge sedoyo.
        Selajengipun kawulo bade maringi uwur nasehat dumateng calon penganten kekalih, bilih rumah tangga ingkang  sakinah mawaddah warohmah niku waged tercapai, ing antawisipun bahwa kedua suami istri meniko waged memahami , menyadari , lan waged menerima nopo ingkang dados kekirangan lan kelebihanaipun masing-masing, perjalanan rumah tangga lir ibarat prahu ingkang wonten tengah segoro, katah ombank, katah gelombang, katah tantangan lan ujian, tapi insya alloh nek suami istri niki seirama, sekata, saling sabar, saling membantu  menghadapi cobaan niki,  insya alloh  akan selamat sampe kepada pantai harapan menuju pulau kebahagiaan.
      Pramilo monggo sepindah malih kito donga aken sesarengan. mugi2 nak tajul aripin lan nimas penti anggenipun mangke rumah tangga tansah dipun paringi kekuatan lahir batin, waged nggayuh kebahagiaan awit ndunyo sa rawuhipun akhirat, lan ugi enggal dipun paringi momongan ingkang sholeh lan sholihah. amin.
     Poro bapak , ibu ingkang kawulo hormati.. menikolah ingkang waged kawulo aturaken atas nami rombongan saking keluarga penganten kakung, leres ingkang kulo sewun, namung mbok menawi wonten kalepatan estu kawulo sa rombongan nyewun agungeng pangapunten...... 
        Kulo akhiri hasbunalloh wani'mal wakil.. wassalamu'alaikum warohmatullohi wabarokatuh...
  
Isotronic Anti Mause 35311